Monday, August 19, 2013

SADULUR PAPAT KALIMA PANCER

PAPAT LIMA PANCER
Ing Kekayon wayang purwa kang kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar
Macan, Bantheng, Kethek lan Manuk Merak. Kocape kuwi mujudake Sedulur
Papat mungguhing manungsa. Kewan cacah papat mau nggambarake nafsu
patang warna yaiku : Macan nggambarake nafsu Amarah, Bantheng
nggambarake nafsu Supiyah, Kethek nggambarake nafsu Aluamah, lan Manuk
Merak nggambarake nafsu Mutmainah

SEDULUR PAPAT LIMA PANCER
Njupuk sumber saka Kitab Kidungan Purwajati , diwiwiti saka tembang Dhandanggula
kang cakepane mangkene:
Ana kidung ing kadang Marmati
Amung tuwuh ing kuwasanira
Nganakaken saciptane
Kakang Kawah puniku
Kang rumeksa ing awak mami
Anekakake sedya
Ing kuwasanipun Adhi Ari-Ari
ingkang Memayungi laku kuwasanireki
Angenakken pangarah Ponang Getih ing rahina wengi
Ngrerewangi ulah kang kuwasa
Andadekaken karsane Puser
kuwasanipun Nguyu-uyu sabawa mami
Nuruti ing panedha Kuwasanireku
Jangkep kadang ingsun papat Kalimane wus dadi pancer sawiji
Tunggal sawujud ingwang

Ing tembang dhuwur iku disebutake yen "
Sedulur Papat " iku Marmati, Kawah, Ari-Ari, lan Getih kang kaprahe diarani
Rahsa. Kabeh kuwi mancer neng Puser (Udel) yaiku mancer ing Bayi.
Cethane mancer marang uwonge kuwi. Geneya kok disebut Marmati, kakang
Kawah, Adhi Ari-Ari lan Rahsa kuwi?. Marmati iku tegese Samar Mati ! lire yen
wong wadon pas nggarbini ( hamil ) iku sadina-dina pikirane uwas Samar Mati.
Rasa uwas kawatir pralaya anane dhisik dhewe sadurunge metune Kawah, Ari-
Ari lan Rahsa kuwi mau, mulane Rasa Samar Mati iku banjur dianggep minangka
Sadulur Tuwa. Wong nggarbini yen pas babaran kae, kang dhisik dhewe iku
metune Banyu Kawah sak durunge laire bayi, mula Kawah banjur dianggep
Sadulur Tuwa kang lumrahe diarani Kakang Kawah. Yen Kawah wis mancal
medhal, banjur disusul laire bayi, sakwise kuwi banjur disusul wetune Ari-Ari.
Sarehne Ari-Ari iku metune sakwise bayi lair, mulane Ari-Ari iku diarani Sedulur
Enom lan kasebut Adhi Ari-Ari Lamun ana wong abaran tartamtu ngetokake Rah
( Getih ) sapirang-pirang. Wetune Rah (Rahsa) iki uga ing wektu akhir, mula
Rahsa iku uga dianggep Sedulur Enom. Puser (Tali Plasenta) iku umume PUPAK
yen bayi wis umur pitung dina. Puser kang copot saka udel kuwi uga dianggep
Sedulure bayi. Iki dianggep Pancer pusate Sedulur Papat. Mula banjur tuwuh
unen-unen " SEDULUR PAPAT LIMA PANCER " Ing Kekayon wayang purwa kang
kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar Macan, Bantheng, Kethek lan
Manuk Merak. Kocape kuwi mujudake Sedulur Papat mungguhing manungsa.
Kewan cacah papat mau nggambarake nafsu patang warna yaiku : Macan
nggambarake nafsu Amarah, Bantheng nggambarake nafsu Supiyah, Kethek
nggambarake nafsu Aluamah, lan Manuk Merak nggambarake nafsu Mutmainah
kang kabeh mau bisa dibabarake kaya ukara ing ngisor iki: Amarah : Yen
manungsa ngetutake amarah iku tartamtu tansaya bengkerengan lan padudon
wae, bisa-bisa manungsa koncatan kasabaran,kamangka sabar iku mujudake
alat kanggo nyaketake dhiri marang Allah . Supiyah / Kaendahan :
Manungsa kuwi umume seneng marang kang sarwa endah yaiku wanita
(asmara). Mula manungsa kang kabulet nafsu asmara digambarake bisa ngobong
jagad. Aluamah / Srakah : Manungsa kuwi umume padha nduweni rasa srakah
lan aluamah, mula kuwi yen ora dikendaleni, manungsa kepengine bisa urip
nganti pitung turunan. Mutmainah / Kautaman : Senajan kuwi kautaman utawa
kabecikan, nanging yen ngluwihi wates ya tetep ora becik.
Contone; menehi duwit marang wong kang kekurangan kuwi becik, nanging yen
kabeh duwene duwit diwenehake satemah uripe dewe rusak, iku cetha yen ora
apik. Mula kuwi, sedulur papat iku kudu direksa lan diatur supaya aja nganti
ngelantur. Manungsa diuji aja nganti kalah karo sedulur papat kasebut, kapara
kudu menang, lire kudu bisa ngatasi krodhane sedulur papat. Yen manungsa
dikalahake dening sedulur papat iki, ateges jagade bubrah. Ing kene dununge
pancer kudu bisa dadi paugeran lan dadi pathokan. Bener orane,
nyumanggakake.

No comments:

Post a Comment