Monday, August 19, 2013

PANDANGAN KEJAWEN: MEMAHAMI JAGAD RAYA

Memahami Jagad Raya
Sebelum adanya jagad raya, tidak ada apa-apa kecuali kekosongan dan suwung.
Didalam suwung terdapat sifat-sifat hidup dari Tuhan, jagad raya adalah suatu
Causa prima. Sifat-sifat hidup Tuhan terasa seperti getaran dan getaran ini
terus menerus. Ada tiga elemen yang terdiri dari :
1. Elemen merah dengan sinar merah, ini panas
2. Elemen biru dengan sinar biru, ini dingin
3. Elemen kuning dengan sinar kuning, ini menakjubkan.
Elemen-elemen ini selalu bergetar. Sebagai hasil dari perpaduan ketiga elemen
tersebut, elemen ke empat lahir dengan warna putih atau putih keperakperakan
dan inilah yang disebut nur. Nur itu adalah sari dari jagad raya, ada
yang menjadi calon planet, ada yang menjadi badan budi atau jiwa yaitu badan
jiwa dari manusia, ketika nur menjadi sari dari badan jasmani manusia. Itu
artinya didalam jagad raya dan galaksi akan selalu dilahirkan planet-planet dan
bintang-bintang baru. Kondisi dari plenet-planet yang baru dilahirkan bisa
berbeda antara yang satu dengan yang lain, karena tergantung kepada
pengaruh dari tiga elemen tersebut, ada planet yang bisa dihuni dan yang tidak
bisa dihuni.
Wong kang ambudi daya kalawan anglakoni tapa utawa semedi kudu kanthi
kapracayan kang nyukupi apa dene serenging lan kamempengan anggone
nindhakake. Atine kudu santosa temenan supaya wong kang nindhakake
sedyane mau ora nganti kadadeyan entek pengarep-arepe yen kagawa saka
kuciwa dening kahanane badane, wong mau kudu nindakake pambudi dayane
luwih saka wewangening wektu saka katamtuwaning laku kang dikantekake
marang sawiji-wijining mantram lan ajaran ilmu gaib awit gede gedening
kagelan iku ora kaya wong kang gagal enggone nindakake lakune rasa kuciwa
kang mangkono iku nuwuhake prihatin lan getun, nganti andadekake ciliking
ati lan enteking pangarep-arep. Sawise wong mau entek pangarep arepe
lumrahe banjur trima bali bae marang panguripan adat sakene mung dadi
wong lumrah maneh.
Kawruhana wong kang lagi miwiti ngyakinake ilmu gaib sok sok dheweke iku
mesthi nemoni kagagalan kagagalan kang nuwuhake rasa kuciwa. Sawijining
wewarah kang luwih becik tumrap wong kang lagi nglakoni kasutapan iya iku
ati kang teguh santosa aja kesusu-susu lan aja bosenan ngemungake wong kang
anduweni katetepan ati lan santosaning sedya sumedya ambanjurake ancase
iya iku wong kang bakal kasembadan sedyane. Wong ngyakinake prabawa gaib
iku anduweni kekarepan supaya dadi wong lanang temenan kang diendahake
dening wong akeh, iya anaa ing ngendi wae enggone nyugulake dirine,
Amarehe diwedeni ing wong akeh panguwuhe gawe kekesing wong yen
anyentak dadi panggugupake lan gawe gemeter dirine, ditrisnani ing wong
akeh pitembungane digatekake lan pakartine diluhurake ing wong akeh, iya
pancen nyata wong liyane mesthi tunduk marang sawijining wong kang ahli
ilmu.
Wong ahli kasutapan tansah yakin enggone ngumpulake kekuwatan gaib ing
dalem dhirine. Ana paedahe kang migunani banget manawa wong nindakake
pambudi daya kalawan misah dheweke ana ing papan kang sepi karana
tinimune kekuwatan gaib iku sok-sok tinemu dhewekan ana ing sepen. Wong
ahli kasutapan kudu budidaya bisane nglawan marang nepsune kekarepan
umum (kekarepan wong akeh kang campur bawur ngumandang ana ing
swasana), kalawan tumindak mangkono wong ahli kasutapan mau dadi nduweni
pikiran-pikiran kang mardhika, iya pikiran-pikiran kang mangkono iku kang bisa
nekakake kasekten gaib.
Sangsaya akeh kehing kang kena tinides, uga sangsaya gedhe tumandhoning
kekuwatan gaib kang kinumpulake. Kekuwatan gaib iku tansah makarti tanpa
kendhat enggone mujudake sedya lan nganakake kekarepan. Wong ahli
kasutapan kudu anduweni ati kang tetep lan kekarepan kan dereng, kalawan
ora maelu marang anane pakewuh pakewuhe lan kagagalan-kagagalaning.
Kasekten iku kaperang ana rong warna, iya iku kasekten putih (Witte
magie/white magic) utawa kasekten ireng (Zwarte magie/Black Magic). Awit
saka anane perangan mau banjur dadi kanyatan yen perangan kang sawiji iku
becik, dene perangan liyane ala.
Kasekten putih iku satemene ilmu Allah Kang Maha Luhur wis mesthi bae
kapigunakake mligi kanggo kaslametane wong akeh. Dene kasekten ireng iku
ilmu kaprajuritan kang kapigunakake luwih-luwih kanggo nelukake kalayan
paripaksa, sarta bakal anjalari kacilakaning wong liya. Ananing sakaro karone
saka sumber ilmu Allah sarta sakaro karane iku padha dipigunakake kalawan
atas asma Allah. Tinemune ilmu-ilmu kasekten iki saranane kalawan
kekuwataning pikiran pikiran iku manawa kagolongake meleng sawiji bisa
nuwuhake kekuwatan kaya panggendeng kang rosa banget tumrap marang apa
bae kang dipikir lan disedya.
Wong kang nglakonitapa kalawan nindakake laku-laku kang tinemtokake wis
mesthi bae gumolonging pikirane bebarengan padha kumpul dadi siji sarta
katujokake marang apa kang disedya kalawan mangkono iku kekuwatan daya
anarik migunakake sarosaning kekuwatane banjur anarik apa kang dikarepake.
Swasana kang katone kaya dene kothong bae iku satemene ana drate rupa-rupa
 kayata : geni murub emas kayu lemah waja, electrieiteit zunrstof koolzunr
sarpaning Zunr lan isih akeh liya-liyane maneh.
Samengko umpamane ban ana sawijining wong kang lagi tapa kalawan duwe
sedya supaya andarbeni daya prabawa kang luwih gedhe sarta anindakake
sakehing kekuwatan pikiran kalawan ditujokake marang sedyane mau nganti
nuwuhake daya prabawa. Kekuwataning daya anarik saka pikiran iku banjur
anarik dzat ing swasana kang pinuju salaras karo daya prabawa mau kalawan
saka sathithik sarta sareh dzat daya prabawa kang ing swasana iku katarik
mlebu ing dalem badane wong kang lagi tapa mau. Kalawan mangkono dzat
"prabawa" iku dadi kumpul ing dalem badane wong narik dzat iku nganti
tumeka wusanane badane wong ahli tapa, iku bisa metokake daya prabawa
kang gedhe daya karosane.
Wong kang andarbeni ilmu kang mangoko iku dadi sawijining wong kang sakti
mandraguna. Tumrap wong-wong kang nglakoni tapa ditetepake pralambang
telu : Diyan, Jubah lan Teken. Diyan minangka pralambanging pepadhang,
tumrap kahanan kang umpetan utawa gaib. Jubah minangka dadi pralambange
katentremaning ati kang sampurna, dene teken minangka dadi pralambanging
kekuwatan gaib.
Ing dalem sasuwene wong nglakoni tapa iku prelu banget kudu migateake
marang sirikane, kayata : wedi, nepsu, sengit, semang-semang lan drengki.
Rasa wedi iku sawijining pangrasa kang luwih saka angel penyegahe. Menawa
isih kadunungan rasa wedi ing dalem atine wong ora bakal bisa kasambadan
apa kang disedyaak. Kalawan "rasa wedi" iku atining wong dadi ora bisa
anduweni budi daya apa-apa.
Sajrone nglakoni tapa utawa salagine ngumpulake kekuwatan gaib, atining
wong iku mesthi kudu tetep tentrem lan ayem sanadyan ana kadadeyan apa
wae. Manawa atine wong iku nganti gugur, kasutapan iya uga dadi gugur lan
kudu lekas wiwit maneh. Gegeman kalawan wadi sakehing ilmu gaib lkang lagi
pinarsudi, luwih becik murih nyataning kasekten tinimbang karo susumbar
kalawan kuwentos kayakenthos.
"Nepsu" iku andadekake tanpa dayane kekuwataning batin. "Semang-semang"
iku andadekake ati kang peteng ora padhang terang. "Sengit utawa drengki" iku
uga dadi mungsuhing kekuwatan gaib. Wong kang lagi nindakake katamtuwan
ing dalem kasutapan kudu kalawan ati kang sabar anteng lan tetep.

Patrape badan kang kaku lan kagugupan kudu didohake .
Aja sok singsot
Aja duwe lageyan sok nethek nethek kalawan driji tangan marang meja kursi
utawa papan liyane.
Aja ngentrok-entrokake sikil munggah mudhun.
Aja sok anggigit kukuning dariji tangan.
Aja mencap-mencepake lambe.
Aja molahake lidhah lan andhilati lambe.
Aja narithilake kedheping mata.
Ngedohake sakehing saradan utawa bendana kang ora becik, kayata glegakglegek
molah-molahake sirah, kukur-kukur sirah, ngangkat pundhak lan liyaliyane
sabangsane saradan kabeh.
Satemene perlu banget nyirnakake kekarepan "drengki" luk wit ngrasaning
karep drengki iku banget nindhih marang diri pribadi. Ana maneh "drengki" iku
kaya anggawa sawijining pikulan abot kang tansah nindhes marang dhiri lan
sarupa ana barang atos medhokol kang angganjel pulung ati. "Drengki lan meri"
iku mung anggawa karugiyan bae tumrap kita, ora ana gunane sathithik -
thithika. Salawase wong isih anduweni pangrasan karep "drengki lan meri" iku
ora bakal bisa tumeka kamajuwane tumrap dunya prabawaning gaib.
Ora mung tumindak bae tumrap sawijining wong bae bisa maluyakake wong
liya kalawan kekuwatan gaib nanging uga tumindak tumrap sawijining wong
maluyakake dhiri pribadi kalawan kekuwatan iku. Bisane maluyakake larane
wong liya, mesthine kudu ngirima kekuwatan waluya marang sajroning badane
wong kang lara. Manawa wong gelem naliti yen wong iku bisa ngumpulake
kekuwatan gaib ing dalem badane dhewe lan ngetokake sabageyan kekuwatan
gaib kawenehake marang wong liyane mestheni uwong bisa ngreti yen arep
migunakake kekuwatan iku nganggo paedahe dhiri dhewe uga luwih gampang.
Supaya bisa nindhakake pamaluya marang dhirine dhewe kalawan sampurna
wong ngesthi kudu mahamake cara-carane maluyakake panyakit. Iya iku caracara
kang katindakake kanggo maluyakake wong liya lan wusanane ambudidaya
supaya bisa migunakake obah-obahan iku marang awake dhewe.
Kawitane wong kudu nindakake patrape mangreh napas, kanggo negahake
asabat. Dene carane ngatur napas iku kaprathelakake kalayan ringkes kaya ing
ngisor iki :
Madika panggonan kang sepi.
Lungguha ing sawijining palinggihan kang endhek lan kepenak, sikil karo pisan
tumapak ing lemah.
Badan kajejegake lan janggute diajokake.
Benik-beniking klambi kang kemancing padha kauculan, sabuk uga diuculi
supaya sandangan dadi longgar lan kepenak kanggo tumindhak ing napas.
Pikiran katarik mlebu, supaya luwar saka sakehing geteran pikiran kaya saka
ing jaba.
Sakehing urat-urat kakendokake.
Banjur narika napas kalawan alon lan nganti jero banget tahanen napas iku
sawatara sekon/detik (kira-kira 6 detik) lan wusanane wetokna napas iku
kalawan sareh.
Anujokna gumolonging pikiran kalawan ngetut marang napas kang mlebu metu
iku kalawan giliran. Cara nindakake napas kaya ing ngisor iki :
Narik napas kalawan alon lan nganti jero ing sabisane, nganti dhadha mekar
lan weteng dadi nglempet.
Nahan napas iku kira-kira nem saat utawa luwih suwe ing dalem paru-paru
dhadhane cikben lestari mekare, lan wetenge cikben lestaringlempetake
kalawan mangkono iku gurung dalaning napas tansah tetep menga.
Ambuangna napas kalawan alon nganti entek babar pisan nganti dhadha dadi
kempes, lan weteng dadi mekar.
Banjurna marambah-rambah matrapake mangkono iku suwene kira-kira saka
lima tumeka limolas menit utawa luwih suwe nganti bisa nemoni pangrasa
anteng lan tentrem ing sajroning badan.
Carane matrapake kasebut ing dhuwur iku sawijining cara kanggo napakake
napas, iki kena lan kudu ditindakake saben dina telung rambahan, dening sapa
bae kang nglakoni tapa supaya oleh ilmu gaib. Daya kang luwih bagus iya iku
miwiti makarti miturut pituduhan. Aja weya nindakake patrap kanggo
napakake napas iku.
Cara matrapake tumindaking napas iku kena uga ditindakake kalayan leyehleyeh
mlumah : ngendokake sakabehing urat-urat nyelehake tangan karo pisan
sadhuwuring weteng lan nindakake lakuning napas miturut aturan. Daya
ngisekake Prana Ngadeg kalawan jejeg sikil karo pisan kapepetake dadi siji lan
driji -drijining tangan karo pisan dirangkep dadi siji kalawan longgar.
Banjur matrapa lakuning napas sawatara rambahan miturut aturan. Gawe
segering utek lungguha kalawan jejeg lan nyelehna tangan karo pisan ing
sandhuwuring pupu kiwa tengen: mripat mandheng marang arah ing ngarep
kalawan tetep: sikil karo pisan tumadak ing lemah. Kalawan jempol tangan
tengen anutup lenging grana sisih tengen lan anarika napas liwat lenging grana
sisih kiwa, wusana nglepasake jempol iku banjur ambuwang napas lan nutupa
lenging grana kiwa kalawan driji narika napas liwat lenging grana tengen,
lepasna driji panutup iku lan ambuwanga napas. Mangkono sabanjure kalawan
genti-genten kiwa lan tengen.

No comments:

Post a Comment