Monday, August 19, 2013

NGELMU KEJAWEN: WEDHARAN TRI BAWANA (TRILOKA)

Wewedharanipun Tri Bawana

1. Ayat ingkang sapisan, dipun wastani pambukaning tata mahligai ing dalem
Baitalmakmur, kados makaten wewedharanipun :
Sajatine ingsun nata malige ing dalem Baitalmakmur iya iku enggon
parameyaningsun jumeneng ana sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku
dimak, iya iku utek kang ana antaraning Dimak iku manik, sajroning pranawa
iku sukna, sajroning sukma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun ora ana
pangeran, anging ingsun dzat kang anglimputi ing kahanan jati.
2. Ayat ingkang kaping kalih dipun wastani pambukaning tata mahlige ing
dalem Baitalmukharam, kados makten wewedharanipun :
Sajatine ingsun anata malige ing dalem baitalmukharam, iya iku enggon
laranganingsun jumeneng ana jajaning Adam, kang ana sajroning dhada iku ati,
kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi
iku jinem, sajroning jinem iku sukma, sajroning sukma iku rahsa, sajroning
rahsa iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun dzat kang anglimputi kahanan
jati.
3. Ayat ingkang kaping tiga dipun wastani pambukaning tata mahlige ing dalem
Baitalmukadas, mekaten wewejanganipun :
Sajatine ingsun anata Malige ing dalem Baitalmukadas, iya iku enggon pasucen
ingsun jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana ing sajroning konthol iku
pringsilan, kang ada antaraning iku mutfah, iya iku mani sajroning mutfah iku
madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem
iku rahso sajroning rahso iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun dzat kang
anglimputi ing kahanan jati.
Menggah ingkang sami kapareng amedharaken wedharan triloka wau para wali 8
:
Susuhunan ing Giri Kadhaton
Susuhunan ing Kudus
Susuhunan ing Panggung
Susuhunan ing Majagung
Susuhunan ing Pancuran
Susuhunan ing Cirebon
Syeh Maulana Ibrahim Jatiswara
Susuhunan ing Kajenar

Dene anggenipun sami karsa amedharaken Triloka punika saking anggenipun
sami ambabar kaelokaning Ilmi kasampurnan, ingkang kaangge witting Ilmi
bangsa Sorogan, kadosta :
Kawasa saget andhatengaken salwiring sedya.
Anggenipun kawasa saget adamel lumpuhing para cidra, inggih punika
bangsaning pangetisan.
Sami kawasa saget adamel sarana wewelikaning pandulu inggih punika kalebet
Aji Sesulapan.
Sami anggelaraken bangsaning gendam, urawi puter giling sapanunggalanipun,
nanging sadya kal wau nalika pakumpulan kaliyan Kanjeng Susuhunan ing
Kalijogo inggih sami ajrih anggelaraken.
Purunipun adamel kaelokan sareng Kanjeng Susuhunan Ing Kalijaga sampun
kayun widaraini, tegesipun gesang toya kalih wonten ing donya gesang, ing
kahanan akhir inggih gesang, sanyata langgeng boten ewah gingsir mila waget
jumeneng Gosul Alam, tegesipun dados musthikaning Sapta Bawana, inggih
punika winenang mengku Bumi langit sap pitu, tetep gesang piyambak boten
wonten ingkang anggesangi.
TERJEMAHAN
1. Ayat yang pertama dinamakan terbukanya tata mahligai Baitalmakmur
wedarnya/jabarannya sebagai berikut :
Sebenarnya aku mengatur singgasana di dalam Baitalmakmur, di situlah tempat
kesenangan-KU, berada di kepada Adam ,yang berada didalam kepala disebut
dimak yaitu otak, yang berada diantara dimak itu manik, didalam manik itu
pramana adalah pranawa, didalam pranawa itu adalah sukma itu adalah rahsa,
didalam rahsa itu adalah aku, tidak ada Pangeran hanya dzat yang meliputi
disemua keadaan.
2. Ayat yang kedua dinamakan terbukanya susunan singgasana dalam
Baitalmukharam sebagai berikut :
Sebenarnya aku menata singgasana dalam Baitalmukharam itulah tempat
larangan-larangan-KU, yang berada didada Adam, yang berada di dalam dada
itu hati, yang berada diantara hati itu jantung, di dalam jantung itu budi, di
dalam budi itu jinem, di dalam jinem itu sukma, didalam sukma itu rahsa dan
di dalam rahsa itu aku, tidak ada Tuhan kecuali aku, Dzat yang emliputi semua
keadaan .
3. Ayat ketiga dinamakan terbukanya susunan singgasana dalam Baitalmukadas
sebagai berikut :
ebenarnya aku menata singgasana dalam Baitalmukadas, rumah tempat yang
aku sucikan berada didalam kontolnya Adam, yang berada di dalam kontol itu
pelir, yang berada di dalam pelir itu mutfah yakni mani, di dalam mutfah
adalah madi, di dalam madi itu manikem, di dalam manikem itu rahsa, di
dalam rahsa itu adalah aku tidak ada Tuhan kecuali aku, dzat yang meliputi
semua keadaan.
Adapun yang ditunjuk mewedarkan wedaran Triloka ialah delapan wali, sebagai
berikut :
Sesuhunan di Giri Kedaton
Sesuhunan di Kudus
Sesuhunan di Panggung
Sesuhunan di Pajagung
Sesuhunan di Pancuran
Sesuhunan di Cirebon
Syeh Maulana Ibrahim Jatiswara
Sesuhunan di Kajenar
Adapun mereka mau mewedarkan Triloka itu, karena mereka telah
menyaksikan kehebatan ilmu kasampurnan, yang dianggap menjadi kuncinya
ilmu sorogan, misalnya :
Mampu mendatangkan semua yang dikehendaki
Mampu melumpuhkan orang yang berniat jahat, yaitu tergolong pangatisan.
Mampu membuat penglihatan menjadi berubah ialah sebangsa sulapan.
Mampu menggelarkan jenisnya dendam, atau puter giling dan sebagainya,
tetapi semua itu ketika masih berkumpul dengan Sunan Kalijogo, mereka takut
mempergunakan ilmu-ilmu tersebut.
Mereka membuat keanehan setelah Sunan Kalijogo sudah kayun widaraini
artinya hidup di akherat . Ternyata abadi tidak berubah oleh
karenanya dapat menyandang sebagai Gosul Alam, artinya menjadi mustikanya
tujuh lapis Bawana mempunyai wewenang menguasai Bumi dan langit lapis
tujuh.

No comments:

Post a Comment