Monday, October 17, 2016

Margining Rahayu

Image result for jalan keselamatan
Rahayu utawi wilujeng, slamet, basuki punika kehanan ingkang tanpa timbang. Kangge anggayuh karahayon mrginpun tamtu ngilud laku utami. Inggih punika:
1. Andhap asor (kerendahan hati). Wonten bebasan ledhok ilining banyu. Margining rahmat mbanyu mili dhumateng tiyang ingkang andhap asor utawi lembah manah. Suwalikipun, brahala utawi bebendu tumuju dhumateng tiyang ingkang umuk utawi wewatak adigang adigung adiguna.
2. Ikhlas caos darma bekti dhumateng Gusti, tiyang sepuh, negari lan sesaminiing tumitah. Karana ilkhlas peparing pambiyantu / pitulungan, damel renaning Gusti lan sesami, saengga menawi kita nembe papa cintraka, kita bakal antuk pitulungan saking Gusti lan sesami tanpa dinuga duga.
3. Asih tresna. Asih tresna punika basa universal ingkang saged lan gampil dipun mangetossi sadhengah tumitah. Gusti ingkang maha tresna ingkang jumeneng Raja ing alam jiwa (batos), manjurung manungsa nglampahi asih tresna liwat pangandikan, solah bawa, lan pakarti  amrih martabat sesamining agesang tansaya dipun mulyakaken.
4. Adil para marta. Maringi jumbuh kaliyan hak lan labuh labet dadi dhedhasar sipat adil para marta. Menehi paukuman  jumbuh karo pelanggaran. Anggula wenthah bocah tanpa mbandhing bandingke .
5. Ngati ati setiti. Sikap ngati ati setiti minangka modal sikap wicaksana, nenimbang masalah / kedadosan  kanthi lebet, jembar, duweni tujuan jangka panjang.
  muga tulisan iki bisa dadi bahan olah pikir kanggo memayuhayuning bawana, lal kanggo anggayuh karahayoning urip.