Friday, May 20, 2016

MOKHSA = KASAMPURNANING TITAH, KESEMPURNAAN MANUSIA

Mokhsa (=Muksa) miturut ajaran Hindu yaiku nyawijine Atman lan Brahman. Yen ngelmu Jawa ya manunggaling kawula lan Gusti. Kamanunggalan kawula lan Gusti temtune diwiwiti kanthi urip nuladha sipating Gusti. Gusti = Bagusing ati. Bagusing ati bisa dilatih kanthi  3 E yaiku tansah enget  lan cecaketan marang Gusti (tekun maos Kitab Suci - rajin pasa / matiraga lan ndedonga) , eling marang asaling urip, tujuan  lan  pungkasaning urip, E sing pungkasan yaiku  enthengan  tetulung  marang pepadhaning tumitah karana sepi ing pamrih rame ing gawe.
Priyantun Jawi ingkang saged tuladha dados tumitah ingkang sampurna umpaminipun:
1. Kanjeng Prabu Jayabaya 
inggih Sang Nata Daha (Kadiri) ingkang kasinungan kawaskithan kanthi Ramalan Jayabaya ing misuwur. Kanjeng Prabu muksa wonten ing Pamenang Kediri. Dugi sapunika kharismanipun Kanjeng Prabu taksih dipun pitados lan terus sabiyantu kangge kamajenganing Nusantara. Kathah paranormal / pinisepuh ingkang saged wawan sabda dhumateng Kanjeng Eyang Prabu.
2. Ibu Dewi Kilisuci
Putri pambarep Prabu Airlangga ing Kahuripan ingkang gentur tapanipun, kuwagang nyingkur kadonyan saha kamukten.Tuladha kenya (boten sesemah / berkeluarga) ingkang suci, Mokhsa ing redi Pucangan. Pertapaanipun Sang Dewi wonten Goa Selomangleng lan Goa Selobale ing tlatah Kediri.
3. Ki Ageng Tunggul Wulung
Salah satunggiling senopati akhir Majapahit ingkang lajeng ngrasuk gesang kapandhitan sasampunipun Majapahit sirna (Kasultanan Demak lahir). Ki Ageng Tunggul Wulung gesang prasaja, gentur tapa brata, lan dhemen memuruk Kautamen. Ki Ageng Tunggul Wulung mokhsa ing dusun Sawo kecamatan Minggir  kabupaten Sleman. Pendhak tahun Kraton Ngayogyakarta Hadiriingrat asung pakurmatan sesaji katur Ki Ageng Tunggul Wulung.
Punika wonten mantram kangge nggayuh kamokhsan:
Mantra Mokhsa versi Jawi
Jagad bumi alam kabeh
Sumusupa marang badan
Badan sumusupa marang budi
Budi sumusupa marang nyawa
Nyawa sumusupa marang rahsa
Rahsa sumusupa marang cahya
Cahya sumusupa marang atma
Atma sumusupa marang dat
Dat sumusupa marang ingsun
Ingsun jumeneng pribadi
Tanpa timbangan, tanpa lawanan
Ana ing kalaratingsun
Kang Mahamulya, Mahasuci
Sejati soko ing kodratingsun.

Mantra Mokhsa versi Hindu (Maha Mrityunjaya Mantra)
Om Tryambhakam Yajamahe 
Sugandhim Pushtivardhanam 
Urvarukamiva Bandhanan 
Mrityor Mukshiya Maamritat 

 Penjelasan artinipun  ngagem Basa Inggris nggih :

Meaning:
Om. We worship The Three-Eyed Lord Shiva who is fragrant and who increasingly nourishes the devotees. Worshipping him may we be liberated from death for the sake of immortality just as the ripe cucumber easily separates itself from the binding stalk.
Explanation:
The mantra is a prayer to Lord Shiva who is addressed as Sankara and Trayambaka. Sankara is sana (blessings) and Kara (the Giver). Trayambaka is the three eyed one (where the third eye signifies the giver of knowledge, which destroys ignorance and releases us from the cycle of death and rebirth).
utawi wirid cekak : Om Namah Shiva (kagem Hindu) utawi Om Mani Padme Hum (kagem umat Budha).
Tuladha Mokhsa  kangge umat Yahudi inggih punika: Henokh  (lahir 3404 SM), nabi Musa  , lan nabi Elia ingkang gesang ngabdi Yahwe (Elohim) kanthi kesucian, ketaatan, penuh katresnan saengga jiwa raganipun mekrad dhateng kasuwargan. Umat Kristiani saged nuladha Sang Kristus Sang Mesias ingkang mekrad dhateng swarga penuh kamulyan sasampunipun nuntasaken misi pewartaan Injil kanthi laku utami medhar katresnan  sejati sanadyan kedah nandang sangsara , seda, lan  wungu saking seda. Semanten ugi tuladha Bunda Maria ingkang gesang suci, andhap asor ing pungksaning gesang saged mekrad wonten swarga sajiwa raganipun, lan dumugi sapriki taksih karsa paing pemut dhumateng manungsa lumantar kisah penampakan ing saindenging buwana (saged dipun padosi kanthi ketik ing Google lan youtube: Mother Mary apparations)
Dados mokhsa punika boten namung wonten ing Jawi, nanging ugi ing tlatah donya ugi wonten. Pilihan gesang nyawiji (manunggal) kaliyan Gusti wonten ing asta para sadherek. Bukti sampun wonten. Tansaya kathah bukti lan tuladha nyata, ateges piwucalipun wonten woh ingkang sayekti. Mugi Gusti tansah amberkahi.

No comments:

Post a Comment