Wednesday, May 18, 2016

PERANG DUNIA KETIGA, KIAMAT BAKAL TUMEKA

Donya iki wis katon tuwo. Dosane manungso wus ora kena binendhung.
1.Kaum agamawan akeh kang mulang wuruk nyingkur dalaning bebener, kanthi mbrongot bocah - bocah anom nganggo kebencian (wengis) lan kesombongan (ngedir - dirake agamane dhewe ngremehake agama/ keyakinan liyan). Wujude dadi akeh peperangan lan teror atas nama agama. Perang / kebencian  merga radikalisme agama ngrusak kamanungsan lan paseduluran. Bisa mecah negara. Agawe sengsarane akeh manungsa. Perang atas nama agama iki ora bisa diendheg, malah tansaya jembar lan ngambra ambra.
2. Amerika cs (Uni Eropa-Kanada-Australia-Jepang- Korsel- Liga Arab) memungsuhan lan terus masang sistem senjata canggih kanggo mbendung Rusia cs ( China- Iran / Syiah- Korut). Perlombaan senjata iki tansaya jembar tebane ing Eropa wetan, Jepang, Korsel, Pasifik. Derdah Suriah bakal mremen tekan ngendi endi ora bisa dikendhat.
3. Israel sing meneng meneng ing tengahe konflik, bakal kepancing lan dadi arena perang kang nggegirisi. IDF ora bisa nahan  serangan saka Iran - Hezbollah  kang didukung Rusia. Amerika / Nato nyoba mbelani nanging kerusakan malah tambah ndadra. Malahan Obama bakal seda lan dikubur ing Yerusalem. Akibate Perang Dunia katelu kadadean. Umat manungsa sadonya bakal akeh kang cintraka. Amung para manungsa kang jujur lan becik uripe kang tansah pinayungan ing Gusti Pangeran.
 Yen nomor 3 ing dhuwur wus dumadi, yaiku tandane Sang Mesias ya Sang Ratu Adil bakal rawuh. Tumurune Sang Mesias tedhak ing Redi Zaitun ing Israel.
Mangga, kita sami tansah ngudi gesang kanthi laku utami, jujur tulus, asih tresna marang sapepadhaning tumitah. Mugi Gusti mbiyantu kita pribadi pribadi bertobat. Nuwun

No comments:

Post a Comment